Pages

Rabu, 08 Oktober 2014

KUMPULAN SOAL-SOAL BAHASA JAWA KELAS 9 (10 soal)

1.       Pak Krama kae wong lumuh, ora doyan penggaweyan. Sanajan mangkono anake akeh banget. Nganti tanggane sok padha brebegen dening tangise anak-anake. Bojone uga ora nyambut gawe. Saben dina pikirane ajeg mumut mikir butuhe. Ajaa nyekolahke anake kanggo mangan saben dina wae ora ana. Saloka ingkang mathuk kangge cariyos kalawau …
            a. cebol nggayuh lintang                                 c. kebo bule mati setra
            b. timun mungsuh duren                                 d. kebo kabotan sungu



2. Banu iku sejatine anake wong sugih. Nanging ing sekolahan males, ora gelem sinau. Malah kadang klambine rusuh ora disetlika, mula akeh kancane sing ora seneng. Kadhang-kadhang yen kerja kelompok ora ana kancane sing gelem ngajak. Sanajan ngono bocahe ya meneng wae, mung ngenteni kancane sapa sing gelem ngajak. Kang dialami Banu iku padha karo unen-unen …
            a. bebek mungsuh mliwis                                b. kebo bule mati setra
            c. timun wungkuk jaga imbuh                         d. timun mungsuh duren



3.       Ukara sambawa ing ngisor iki sing duwe teges umpama yaiku …
            a. Aku bisaa nandangi dhewe ora ngongkon kowe
            b. sugiha yen wonge medhit ya akeh sing ora seneng
            c. sesuk tukua sepatu lan tas ing Matahari
            d. iki mengko panasa ya, supaya klambiku garing kabeh

4. Tembung-tembung ing tembang iku diarani …
            a.bawa                         b. buka                                   c.suluk                         d. cakepan


5. Sesawangan ing sekolahku saiki nengsemake banget. Tegese  nengsemake yaiku …
            a. nentremake              b. ngangenake             c. nyenengake             d. nyedihake



6. Ngungak jembare segara, kanthi beninge netra. Netra tegese …
            a. banyu                       b. mripat                     c.srengenge                 d. rembulan



7. Lelakone ludruk biasane dijupuk saka crita urip sabendina. Tembung lelakon iku kalebu tembung rangkep…
            a. dwi purwa               b. dwi wasana             c. dwi lingga              d. dwi lingga salin swara


8. Sunare bagaskara krasa panas sumelet. Bagaskara tegese …
            a. geni                          b. rembulan                 c. lintang                     d. srengenge


9. Ukara ing ngisor iki sing nganggo tembung entar yaiku …
            a. Enom tuwa padha seneng nonton bal-balan                b. Karo tangga teparo kudu sing rukun
            c. Polahe bocah iku anteng kitiran                                    d. Bocah iku lambene tipis


10. Tembung wayah sing tegese putu yaiku …
            a. Saben wayah sore aku nonton bal-balan                            b.Ibu kondur saben wayah sore
            c. wayahe bu Parta iku lima                                                     d. wayahe jam lima aku mulih

0 komentar:

Posting Komentar